Psalms 16:1-2, 11

Preserve me, O God: for in thee do I put my trust.
O my soul, thou hast said unto the LORD, Thou art my Lord: my goodness extendeth not to thee;
Thou wilt shew me the path of life: in thy presence is fulness of joy; at thy right hand there are pleasures for evermore.

`Psalms 16:1-2, 11`

☆———————"I can live because Your words, Lord"———————☆

Purwaning Dumadi Versi JAWA81

Purwaning Dumadi 1 :
1-31:
Gusti Allah nitahake langit lan bumi dalah saisine kabeh

1 Ing jaman kawitan Gusti Allah nitahake langit lan bumi.
2 Anadene bumi mau campur-bawur lan suwung, segara kesaput ing pepeteng, dene Rohe Gusti Allah nglayang ing sadhuwure banyu.
3 Gusti Allah banjur ngandika: “Anaa pepadhang!” Tumuli ana padhang.
4 Padhang mau dipirsani wus becik lan Gusti Allah banjur misahake padhang karo peteng.
5 Kang padhang diparingi aran raina, dene kang peteng: wengi. Mangkono wus dadi sore lan esuk: dina kang kapisan.
6 Gusti Allah tumuli ngandika: “Anaa pepenthengan ing antarane banyu, kang misahake banyu karo banyu.”
7 Gusti Allah banjur yasa penthengan sarta misahake banyu kang ana ing sangisoring penthengan karo banyu kang ana ing sandhuwure penthengan mau. Lan banjur kelakon.
8 Pepenthengan mau diparingi aran: langit. Mangkono wus dadi sore lan wus dadi esuk, dina kang kapindho.
9 Gusti Allah banjur ngandika: “Banyu kang ana ing sangisore langit ngumpula dadi saenggon, supaya kang asat katona.” Banjur iya kelakon mangkono.
10 Kang asat kaparingan aran: bumi, lan kaklumpukane banyu diparingi aran: segara. Kabeh mau dipirsani Gusti Allah wus prayoga.
11 Apamaneh pangandikane Gusti Allah: “Bumi metokna thethukulan, tetuwuhan kang ana wijine, wit-witan kang metu wohe warna-warna kang isi wiji ana ing bumi.” Banjur iya kelakon mangkono.
12 Bumi banjur nuwuhake thethukulan, sawernaning tetuwuhan kang ana wijine lan sakehing wit-witan kang metokake woh kang isi wiji. Lan iku mau dipirsani Gusti Allah wus prayoga.
13 Mangkono wus dadi sore lan wus dadi esuk: dina kang katelu.
14 Gusti Allah banjur ngandika: “Ing pepenthengan langit anaa pepadhang kanggo merang rina lan wengi, lan padha dadia panengeran sarta titikaning mangsa kang tetep apadene dina lan taun.
15 Karomaneh padha dadia pepadhang ana ing pepenthengan langit supaya madhangi bumi.” Lan iya kelakon mangkono.
16 Gusti Allah yasa pepadhang gedhe loro, kang gedhe dhewe supaya mengkua ing wayah rina, lan kang kepara cilik supaya mengkua ing wayah bengi, mangkono uga lintang-lintang.
17 Iku kabeh padha diprenahake dening Gusti Allah ana ing pepenthengan supaya madhangi bumi,
18 lan supaya mengku wayah awan lan bengi, karomaneh kanggo misahake padhang lan peteng. Iku kabeh dipirsani Gusti Allah wus prayoga.
19 Kaya mangkono wus dadi sore lan wus dadi esuk, dina kang kaping papat.
20 Gusti Allah tumuli ngandika: “Ing banyu anaa makhluk urip kang pating kruwel uyel-uyelan lan bangsa manuk mabura ing sadhuwure bumi ngliwati pepenthengan.”
21 Gusti Allah nuli nitahake kewan segara kang gedhe-gedhe lan sawernaning makhluk urip kang pating krogel ana ing banyu, apadene sawernaning manuk kang mawa suwiwi. Sarta iku dipirsani Gusti Allah wus prayoga.
22 Kabeh banjur padha diberkahi dening Gusti Allah, pangandikane: “Padha bebranahana lan tangkar-tumangkara ngebakana banyu segara, sarta bangsa manuk tangkar-tumangkara ana ing bumi.”
23 Mangkono wus dadi sore lan wus dadi esuk, dina kang kaping lima.
24 Gusti Allah tumuli ngandika: “Bumi iki metokna makhluk kang urip warna-warna, kewan ingon-ingon, kewan kang rumangkang, lan gumremet sarta kewan alasan warna-warna.” Banjur iya kelakon kaya mangkono.
25 Gusti Allah akarya sato-kewan alasan warna-warna, kewan ingon warna-warna, kewan kang gumremet ana ing bumi warna-warna. Sarta iku dipirsani dening Gusti Allah wus prayoga.
26 Gusti Allah banjur ngandika: “Mara Kita akarya manungsa kang mirib gambar lan pasemon Kita, iku pada nguwasanana iwak ing segara, manuk ing awang-awang, lan kewan ingon tuwin bumi iki kabeh sarta marang sarupane kewan kang gumremet ana ing bumi.”
27 Gusti Allah tumuli nitahake manungsa miturut gambare, anggone nitahake mirib gambaring Allah, lanang karo wadon anggone nitahake.
28 Tumuli padha diberkahi lan dipangandikani: “Padha bebranahana lan tangkar-tumangkara; ngebakana bumi lan telukna. Iwak ing segara lan manuk ing awang-awang sarta sakabehing sato-kewan kang rumangkang ana ing bumi iku padha sira kuwasanana.”
29 Karomaneh pangandikane Gusti Allah: “Lah ta sira iku padha Sunparingi sarupane thethukulan ing salumahing bumi kang mawa wiji lan sarupane wit-witan kang metokake woh mawa wiji, iku dadia panganira.
30 Nanging sakehing sato-kewan ing bumi lan sakehing manuk ing awang-awang tuwin samubarang kang rumangkang ana ing bumi, kang kadunungan nyawa, iku Sunparingi tetuwuhan ijo kang dadi pakane.” Banjur iya kelakon mangkono.
31 Gusti Allah tumuli mirsani samubarang yeyasane, lan kabeh wus prayoga linuwih. Mangkono wus dadi sore lan wus dadi esuk, dina kang kaping nem.
Purwaning Dumadi 2 :
1-7:
1 Kaya mangkono iku rampunging dumadine langit, bumi lan saisine kabeh.
2 Ing dina kang kapitu bareng Gusti Allah wus mungkasi pakaryane anggone yeyasa, ing dina kang kapitu banjur kendel anggone karya samubarang kang wus kayasa iku.
3 Gusti Allah tumuli mberkahi dina kapitu iku lan disucekake, marga ing dina iku kendel anggone karya samubarang kabeh kang wus katitahake mau.
4 Kaya mangkono caritane langit lan bumi nalika katitahake. Nalika Sang Yehuwah Allah akarya bumi lan langit, --
5 durung ana thethukulan ing bumi lan durung ana tanem-tuwuh kang thukul ana ing ara-ara, marga Gusti Allah durung maringi udan marang bumi lan durung ana wong kang nggarap;
6 mung ana pedhut mumbul saka ing bumi kang nelesi salumahing bumi, --
7 nalika samana Sang Yehuwah Allah tumuli akarya manungsa, kang kinarya lebuning bumi, iku ing bolonganing irunge disebuli ambekaning urip; mangkono manungsa dadi titah kang urip.
8-25:
Manungsa lan patamanan Eden

8 Karodene Sang Yehuwah Allah yasa patamanan ana ing tanah Eden ing sisih wetan; ana ing kono anggone mapanake manungsa kang wus kadamel mau.
9 Sang Yehuwah Allah banjur nukulake wit-witan rupa-rupa saka ing bumi, kang asri dineleng lan becik kanggo pangan, mangkono uga wit panguripan ana ing satengahing patamanan, sarta maneh wit pangawruhing becik lan ala.
10 Ana bengawan mili saka ing tanah Eden kang mbanyoni patamanan mau, lan saka ing kono banjur cawang dadi papat:
11 kang kapisan jenenge bengawan Pison, kang nekuk ngubengi tanah Hawila kang akeh pametune mas.
12 Emas weton ing tanah kono iku becik. Ing kono iya ana blendok bedholah lan sotya soham.
13 Bengawan kang kapindho aran: Gihon, iku kang iline nekuk ngubengi satanah Kusy.
14 Bengawan kang katelu aran: Tigris, kang iline metu sawetane tanah Asyur; lan kaping papate iku bengawan Efrat.
15 Sang Yehuwah Allah mundhut manungsa mau kapapanake ana ing patamanan Eden kakarsakake ngolah lan ngreksa,
16 sarta Sang Yehuwah Allah banjur paring dhawuh marang manungsa mangkene: “Sawarnane wohing wit-witan ing patamanan iki kena sira pangan ing sasenengira,
17 nanging wit pangawruhing becik lan ala iku wohe aja sira pangan. Dene samangsa sira mangan wohe, mesthi sira bakal mati.”
18 Karomaneh ana pangandikane Sang Yehuwah Allah mangkene: “Ora prayoga manungsa iku yen ijen bae; Sunkaryakne rowang kang sembada dadi jodhone.”
19 Nalika Sang Yehuwah Allah wus karya sarupane sato-kewan ing ara-ara lan sarupane manuk ing awang-awang saka lemah, banjur padha ditekakake ana ing sangarepe manungsa, karsane supaya pirsa kapriye anggone bakal njenengake, lan jeneng kang diwenehake manungsa marang sadhengah kang urip mau, iya iku dadia jenenge.
20 Mangkono dadine manungsa menehi jeneng marang sarupane sato-kewan lan manuk ing awang-awang apadene marang sarupane sato ing ara-ara; mung manungsa kang durung duwe rowang kang sembada dadi jodhone.
21 Nuli Sang Yehuwah Allah ndadekake manungsa turu kepati, lan sajrone turu dipundhut igane siji, dene tilas panggonane balung iga mau diiseni daging.
22 Iga kang kapundhut saka ing manungsa mau banjur diwangun dening Sang Yehuwah Allah dadi wong wadon, banjur diajokake marang ing ngarepe manungsa.
23 Ing kono pangucape manungsa: “Yaiki balung saka balungku lan daging saka dagingku, iku kaaranana wadon, awit kajupuk saka kang lanang.”
24 Mulane wong lanang bakal ninggal bapa-biyunge lan rumaket marang bojone, sarta sakarone iku bakal dadi daging siji.
25 Anadene manungsa lan bojone sakarone iku padha wuda, nanging ora rumangsa isin.
Purwaning Dumadi 3 :
1-24:
Manungsa tumiba ing dosa

1 Anadene ula iku kang julig dhewe ing antarane sakehing kewan dharatan karyane Sang Yehuwah Allah, mangka iku celathu marang wong wadon mau: “Temtunipun Gusti Allah paring dhawuh dhateng sampeyan: Sira aja mangan wohing sarupane wit-witan ing patamanan iki! Rak inggih, ta?”
2 Pangucape wong wadon marang si ula: “Wohe wit-witan ing patamanan iki kabeh kena bae dakpangan,
3 nanging tumrap wohing wit kang ana satengahe patamanan iki, ana dhawuhe Gusti Allah mangkene: Aja sira pangan, malah ndemok bae aja, supaya sira aja padha mati.”
4 Nanging si ula calathu marang wong wadon mau: “Boten-botenipun sampeyan sami pejah,
nanging Gusti Allah mirsa, samangsa sampeyan nedha wohipun wit punika, sampeyan badhe kaparingan awasing paningal, temah dados sami kaliyan Gusti Allah, saged nyumerepi ingkang sae lan ingkang awon.”
5 Wong wadon mau nuli weruh yen wit iku becik kanggo pangan lan katon nengsemake, lan maneh wit iku menginake, awit bisa ngolehake kapinteran; 6 tumuli methil wohe lan mangan, kang lanang kang uga ana ing kono iya diwenehi lan iya banjur mangan.
7 Ing kono mripate wong loro mau padha kabuka, temahan padha sumurup yen wuda; mulane tumuli padha nggandheng-nggandheng godhong anjir kagawe awer-awer.
8 Sakarone bareng padha krungu sabawane tindake Sang Yehuwah Allah lumampah ing patamanan, mbeneri wayah sumiliring angin raina, manungsa lan kang wadon banjur padha ndhelik saka ing ngarsane Sang Yehuwah Allah, ana ing satengahe wit-witan ing patamanan.
9 Nanging Sang Yehuwah Allah tumuli nimbali marang manungsa, pangandikane: “Sira ana ing ngendi?”
10 Unjuke kang kadangu: “Kawula mireng swaraning tindak Paduka wonten ing patamanan, temah kawula ajrih, amargi wuda; pramila kawula lajeng ndhelik.”
11 Gusti Allah ngandika: “Sapa kang aweh weruh marang sira yen sira iku wuda? Apa sira mangan wohing wit kang Sunwalerake marang sira supaya aja sira pangan?”
12 Unjuke manungsa: “Tiyang estri ingkang Paduka paringaken dados sisihan kawula, punika ingkang nyukani wohing wit wau dhateng kawula, lajeng kawula tedha.”
13 Sang Yehuwah Allah tumuli ngandika marang wong wadon: “Pratingkah apa kang wus sira lakoni?” Unjuke wong wadon: “Sawer punika ingkang ngapusi kawula, kawula lajeng nedha.”
14 Ing kono Sang Yehuwah Allah banjur ngandika marang si ula: “Sarehne sira nglakoni kang mangkono iku, sira kena ing ipat-ipat ana ing antarane kewan ingon-ingon lan ing antarane sato ing ara-ara; lakunira bakal nlosor nlapak weteng sarta lebu kang bakal dadi panganira sajegira urip.
15 Karodene Ingsun bakal ndadekake memungsuhan ing antarane sira lan wong wadon iki, lan ing antarane turunira lan turune wong wadon iki; turune wong wadon iki bakal ngremuk endhasira lan sira bakal ngremuk tungkake.”
16 Wong wadon iku didhawuhi mangkene: “Ingsun bakal ngakehake banget karepotane anggonira meteng, klawan rekasa anggonira bakal nglairake anak; sira bakal kayungyun marang bojonira lan iku bakal mengku marang sira.”
17 Sarta marang manungsa pangandikane: “Sarehne sira nuruti tembunge somahira sarta mangan wohing wit kang wus Sundhawuhake marang sira supaya aja sira pangan, mulane bumi kena ing ipat-ipat marga saka sira. Kalawan rekasa anggonira bakal mangan pametune ing sajegira urip.
18 Eri lan rerungkudan kang bakal diwetokake kanggo sira, sarta tetuwuhan ing bumi kang bakal dadi panganira.
19 Anggonira mangan rejeki bakal kalawan kringeten rainira, nganti tumeka sira bali marang bumi kang dadi asalira. Amarga sira iku lebu, lan sira bakal bali dadi lebu maneh.”
20 Anadene manungsa menehi jeneng Kawa marang sisihane, amarga iku dadi lajering sakehing ngaurip.
21 Sang Yehuwah Allah banjur ngaryakake sandhangan walulang marang manungsa lan kang wadon, sarta dianggokake.
22 Sang Yehuwah Allah tumuli ngandika: “Lah ta, manungsa iku wus dadi pepadhaningSun, bisa ngawruhi kang becik lan kang ala. Kang iku aja nganti mulung tangane methil lan mangan wohing wit panguripan temah urip langgeng.”
23 Mulane banjur ditundhung dening Sang Yehuwah Allah saka ing patamanan Eden, kakarsakake ngolah bumi kang dadi asale.
24 Sawuse manungsa katundhung metu, Sang Yehuwah Allah banjur mrenahake kerub sawatara ana ing sawetane patamanan Eden, kanthi pedhang murub kang mobat-mabit, kanggo njaga dalan kang anjog ing wit panguripan.
Purwaning Dumadi 4 :
1-16:
Kain lan Abel

1 Kacarita manungsa iku banjur sapaturon kalawan Kawa bojone, iku banjur ngandheg sarta anak-anak Kain, pangucape Kawa: “Aku wus oleh wong lanang marga saka pitulungane Gusti Allah.”
2 Sawuse iku nuli nglairake Abel, adhine Kain; Abel mau dadi pangon wedhus lan Kain dadi wong tani.
3 Kacarita sawuse kelakon sawatara mangsa Kain ngaturake kurban marang Sang Yehuwah awujud pametune bumi,
4 dene Abel iya ngaturake kurban awujud cempe pembarep sagajihe. Anadene Sang Yehuwah karenan marang Abel lan kurbane,
5 nanging Kain lan kurbane ora ndadekake pirenane. Jalaran saka iku atine Kain panas banget lan peteng ulate.
6 Sang Yehuwah tumuli ngandika marang Kain: “Yagene atinira panas lan yagene ulatira peteng?
Yen sira gawe becik apa ulatira ora bakal padhang? 7 Nanging manawa sira ora gawe becik, si dosa wus ndhedhep ana ing ngarep lawang sarta banget anggone nggodha sira, nanging sira kudu bisa nelukake.”
8 Kain banjur tutur marang Abel adhine: “Payo padha menyang ara-ara kana.” Nanging bareng tekan ing ara-ara, Kain banjur ngepruk Abel adhine sarta dipateni.
9 Sang Yehuwah banjur ndangu marang Kain: “Abel adhinira ana ngendi?” Unjuke kang kadangu: “Kawula boten sumerep, punapa kawula pamomongipun adhi kawula?”
10 Pangandikane Sang Yehuwah: “Pratingkah apa kang wus sira lakoni? Getihe adhinira Abel sesambat marang Ingsun saka bumi.
11 Ing samengko sira kena ing ipat-ipat kabuwang adoh saka ing bumi kang wus ngangapake cangkeme nadhahi getihe adhinira Abel saka tanganira.
12 Samangsa sira ngolah bumi, pametune ora bakal samesthine, sira bakal kaya wong keplayu lan nglembara ana ing bumi.”
13 Kain tumuli munjuk marang Sang Yehuwah: “Paukuman kawula punika ageng sanget ngantos kawratan kawula sanggi.
14 Lah kawula samangke Paduka tundhung saking ngriki, saha kawula badhe kaling-kalingan wonten ing paningal Paduka, kawula badhe dados tiyang ingkang keplajeng saha nglembara wonten ing bumi; kawula lajeng badhe dipun pejahi dening sintena kemawon ingkang kapanggih kaliyan kawula.”
15 Nanging pangandikane Sang Yehuwah: “Babar pisan ora! Sapa kang mateni Kain, bakal kawales tikel pitu.” Kain tumuli diparingi tenger dening Sang Yehuwah supaya aja nganti dipateni dening sapa bae kang mrangguli.
16 Kain banjur lunga saka ing ngarsane Sang Yehuwah, lan manggon ana ing tanah Nod, sawetane tanah Eden.
17-26:
Bab tedhak turune Kain, Set lan Enos

17 Kacarita Kain sapaturon karo bojone, iku banjur ngandhut, sarta anak-anak Henokh; sawuse mangkono Kain banjur mbangun kutha, kutha mau dijenengake Henokh, kaya jenenge anake.
18 Henokh nurunake Irad, Irad nurunake Mekhuyael, Mekhuyael nurunake Metusael. Metusael nurunake Lamekh.
19 Anadene Lamekh mau bojone loro, kang siji jenenge Ada, sijine Zila.
20 Ada nglairake Yabal, iku dadi lelurine wong kang padha manggon ing tarub lan ngingu raja-kaya.
Dene adhine jenenge Yubal, iku dadi lelurine para 21 panyiter lan panyuling.
22 Zila uga nglairake anak yaiku Tubal-Kain, lelurine para tukang tembaga lan pandhe wesi, dene adhine Tubal-Kain mau wadon, jenenge: Naama.
23 Lamekh mau tutur marang somahe sakarone: “Ada karo Zila, rungokna swaraku, he somahe Lamekh, tilingna tembungku iki: Wong kang natoni aku wus dakpateni, mangkono uga jejaka kang gawe mlicetku.
24 Sabab yen ta Kain kudu diwalesake tikel pitu, Lamekh kudu diwalesake tikel pitung puluh pitu.”
25 Anadene Bapa Adam wus sapaturon karo bojone maneh, iku banjur nglairake anak lanang kang dijenengake Set, sabab pangucape: “Gusti Allah wus maringi anak lanang liyane minangka sasulihe Abel, marga iku wus dipateni Kain.”
26 Set uga duwe anak lanang, dijenengake Enos. Wiwit nalika samana wong padha wiwit memuja nyebut asmane Sang Yehuwah.
Purwaning Dumadi 5 :
1-32:
Tedhak turune Bapa Adam

1 Iki sarasilahe turune Bapa Adam. Nalika Gusti Allah nitahake Bapa Adam, anggone karya nulad pasemone Gusti Allah.
2 Anggone nitahake lanang lan wadon sarta padha diberkahi tuwin disebut: “Manungsa” yaiku ing nalikane padha katitahake.
3 Bareng Bapa Adam umur satus telung puluh taun, nuli duwe anak kang ngemperi rupa lan pasemone, dijenengake: Set.
4 Sawuse duwe anak Set mau, Bapa Adam isih ginanjar umur wolung atus taun maneh, sarta duwe anak lanang lan wadon.
5 Dadi gunggunge umure Bapa Adam sangang atus telung puluh taun, banjur tinggal donya.
6 Nalika Set umur satus lima taun, duwe anak Enos.
7 Sawuse anak-anak Enos mau, Set isih diganjar umur maneh wolung atus pitu taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.
8 Dadi gunggunge umure Set sangang atus rolas tahun, banjur ngajal.
9 Nalika Enos umur sangang puluh taun, duwe anak Kenan.
10 Sawuse anak-anak Kenan, Enos isih diganjar umur maneh wolung atus limalas taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.
11 Dadi gunggunge umure Enos sangang atus lima taun, banjur ngajal.
12 Nalika Kenan umur pitung puluh taun, duwe anak Mahalaleel.
13 Sawuse anak-anak Mahalaleel, Kenan isih diganjar umur maneh wolung atus patang puluh taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.
14 Dadi gunggunge umure Kenan sangang atus sepuluh taun, banjur ngajal.
15 Nalika Mahalaleel umur sawidak lima taun, duwe anak Yared.
16 Sawuse anak-anak Yared, Mahalaleel isih ginanjar umur maneh wolung atus telung puluh taun sarta duwe anak lanang lan wadon.
17 Dadi gunggunge umure Mahalaleel wolung atus sangang puluh lima taun, banjur ngajal.
18 Nalika Yared umur satus sawidak loro taun, duwe anak Henokh.
19 Sawuse anak-anak Henokh, Yared isih diganjar umur maneh wolung atus taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.
20 Dadi gunggunge umure Yared sangang atus sawidak loro taun, banjur ngajal.
21 Nalika Henokh umur sawidak lima taun, banjur duwe anak Metusalakh.
22 Henokh sawuse anak-anak Metusalakh mau, lakune tinunggil dening Gusti Allah, lan isih diparingi umur telung atus taun, sarta kaparingan anak lanang lan wadon.
23 Dadi gunggunge umure Henokh telung atus sawidak lima taun.
24 Henokh lakune tinunggil dening Gusti Allah, banjur ora ana, amarga wus kapulung dening Gusti Allah.
25 Nalika Metusalakh umur satus wolung puluh pitu taun, duwe anak Lamekh.
26 Sawuse anak-anak Lamekh, Metusalakh isih diganjar umur pitung atus wolung puluh loro taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.
27 Dadi gunggunge umure Metusalakh sangang atus sawidak sanga taun, banjur ngajal.
28 Nalika Lamekh umur satus wolung puluh loro taun, duwe anak lanang,
29 iku dijenengake Nuh, celathune: “Bocah iki bakal aweh panglipur marang kita ing sajroning pagawean kita kang ngrekasa banget ana ing bumi kang wus kena ing ipat-ipate Sang Yehuwah iki.”
30 Sawuse anak-anak Nuh, Lamekh isih diganjar umur limang atus sangang puluh lima taun, sarta kaparingan anak lanang lan wadon.
31 Dadi gunggunge umure Lamekh pitung atus pitung puluh pitu taun, banjur ngajal.
32 Nalika Nuh umur limang atus taun, duwe anak Sem, Kham lan Yafet.
Purwaning Dumadi 6 :
1-8:
Pialaning manungsa

1 Kacarita nalika manungsa wus wiwit ngambra-ambra ana ing bumi lan padha duwe anak wadon,
para putraning Allah bareng weruh anake wadon para manungsa iku padha ayu-ayu, temah padha ngalap somah marang iku, milih endi kang disenengi.
2 Ing kono pangandikane Sang Yehuwah: “RohingSun ora bakal salawase tetunggalan karo manungsa, amarga mung awujud daging, mulane ing sabanjure umure mung bakal kari satus rong puluh taun.”
3 Ing nalika samana ing bumi ana bangsa kang wong-wonge gedhe dhuwur; ing sapungkure iku iya ana, ing nalikane para putraning Allah padha awor karo anake wadon para manungsa sarta iku padha duwe anak, iya iku para wong kang gagah prakosa ing jaman kuna kang jenenge misuwur.
4 Bareng Sang Yehuwah mirsa yen gedhe durakane para manungsa ana ing bumi, lan saobah-osiking atine sajege mung ala bae,
5 ing kono Sang Yehuwah piduwung dene akarya manungsa ana ing bumi lan sekel galihe.
6 Pangandikane Sang Yehuwah: “Manungsa kang wus Suntitahake iku bakal Sunsirnakake saka ing lumahe bumi, manungsa dalah kewan ingon-ingon, 7 apadene kewan rumangkang, sarta manuk ing awang-awang pisan; sabab Ingsun piduwung anggoningSun karya.”
8 Nanging Rama Nuh iku manggih sih ana ing pangayunane Sang Yehuwah.
9-22:
Sejarahe Rama Nuh

9 Iki sejarahe Rama Nuh. Rama Nuh iku wong mursid tanpa cacad ana ing antarane para barakane. Salampah tindake ana ing patunggilane Gusti Allah.
10 Rama Nuh kagungan putra kakung telu: Sem, Kham lan Yafet.
11 Anadene bumi iku ana ing ngarsane Gusti Allah katon wus rusak lan kebak panganiaya.
12 Bareng Gusti Allah mirsani bumi, nyata-nyata yen iku wus rusak banget, awit sarupane titah wus padha mblasar lakune ana ing bumi.
13 Gusti Allah tumuli ngandika marang Rama Nuh: “Ingsun wus mutus bakal mungkasi uripe makhluk kabeh, marga bumi wus padha dikebaki panganiaya; mulane bakal Sunsirnakake bareng karo bumi.
14 Sira gawea prau kanggo sira, kang kagawe kayu gofir, panggawene sira singget-singgeta, sarta ing jaba lan jerone sira usara nganggo aspal kang kenthel.
15 Dene anggonira gawe iku mangkene: dawane prau telung atus asta, ambane seket asta, dhuwure telung puluh asta.
16 Praune sira wenehana cendhela mubeng, lete saasta saka payon, lawange prenahna ana ing awake prau. Anggonira gawe prau sungsun-sungsun, ngisor, tengah lan dhuwur.
17 Awit dene Ingsun bakal nekakake banjir kang nglimputi bumi, kanggo nyirnakake sarupaning jinis kang urip lan kadunungan nyawa ing sangisore langit; sakabehe kang ana ing bumi bakal mati.
18 Nanging karo sira Ingsun karsa damel prasetyaningSun, sira bakal lumebu ing prau iku, sira lan anak-anakira, somahira lan somahe anak-anakira.
19 Apamaneh samubarang kang urip, sarupane makhluk, iku sira nggawaa mlebu ing prau sajodho-sajodho, supaya padha kapitulungana urip bareng karo sira; saben jinis lanang lan wadon.
20 Sawernaning manuk lan kewan nusoni, apadene sawernaning kewan kang rumangkang nlosor lan gumremet ana ing bumi, iku saben jinis ana sajodho kang bakal nekani sira supaya kapitulungana urip.
21 Sabanjure sira nglumpukna samubarang kang kena dipangan, kagawe tandhon kanggo panganira lan pakane kewan iku mau kabeh.”
22 Rama Nuh tumuli nglampahi, ngestokake apa sadhawuhe Gusti Allah mau kabeh.
Purwaning Dumadi 7 :
1-24:
Banjir gedhe

1 Sawuse mangkono Sang Yehuwah nuli ngandika marang Rama Nuh: “Sira lan sabrayatira kabeh padha lumebua ing prau, amarga sira iku Sunpirsani tinemu resik ana ing antarane jinis iki.
2 Sarupane kewan kang kalal sira njupuka pitung jodho, lanang lan wadon, dene kewan kang ora kalal iku mung sajodho-sajodho, lanang lan wadon.
3 Mangkono uga manuk ing awang-awang iya mitung jodho, lanang lan wadon, supaya kenaa kanggo bibit ana ing salumahe bumi.
4 Amarga pitung dina engkas, Ingsun bakal nekakake udan ing bumi lawase patang puluh dina patang puluh bengi, sarta sakehing dumadi karyaningSun bakal Sunsirnakake saka ing salumahe bumi.”
5 Rama Nuh nuli ngestokake apa sadhawuhe Sang Yehuwah kabeh.
6 Nalika tekane banjir gedhe kang ngelebi bumi, yuswane Rama Nuh nem atus taun.
7 Rama Nuh tumuli lumebet ing prau dalah para putrane, kang garwa lan garwane para putrane, marga saka tekane banjir mau.
8 Kewan kang kalal lan kang ora kalal apa dene manuk lan kabeh kang rumangkang nlosor lan gumremet ana ing bumi,
9 iku padha mara nekani Rama Nuh ana ing prau sajodho-sajodho, kaya kang dadi dhawuhe Gusti Allah marang Rama Nuh.
10 Kacarita sawuse antara pitung dina mau, banyune banjir gedhe ngelebi bumi.
11 Nalika yuswane Rama Nuh wus nyandhak nem atus taune, ing sasi kapindho tanggal pitulas, sakehe umbule samodra-raya kang nggegirisi padha bedhah lan cendhelaning langit padha kabukak,
12 tumuli kelakon udan deres banget gumrojog ing bumi lawase patang puluh dina patang puluh bengi.
13 Ing dina iku uga Rama Nuh dalah Sem, Kham lan Yafet para putrane, garwane Rama Nuh sarta garwane para putrane padha munggah ing prau,
14 iku kabeh dalah sakehe sato-kewan warna-warna, kewan ingon-ingon warna-warna, tuwin sakehe kewan rumangkang nlosor lan gumremet kang ana ing bumi warna-warna, lan sawernane manuk yaiku kabeh kang mawa elar lan suwiwi.
15 Kabeh kang urip lan duwe nyawa mau padha nekani Rama Nuh lumebu ing prau nyajodho.
16 Kang padha nekani iku lanang lan wadon saka sarupaning makhluk kang urip, kaya kang kadhawuhake dening Gusti Allah marang Rama Nuh. Lan sawuse mangkono lawange prau diinebake dening Sang Yehuwah ana ing saburine Rama Nuh.
17 Anadene banjir gedhe mau anggone ngelebi bumi patang puluh dina; banyune saya agung njalari praune kangkat mumbul saka ing bumi.
18 Banyune saya wuwuh lan saya agung ngedab-edabi ngungkuli bumi, satemah praune kumambang ana ing lumahing banyu.
19 Wasana undhake banyune luwih dening banget mratani salumahing bumi, nganti kelakon nutupi gunung-gunung kang dhuwur-dhuwur ing sangisore langit.
20 Gunung-gunung mau kungkulan banyu kang saya wuwuh iku nganti limalas asta, temahan padha kasasaban,
21 lan sarupane titah kang mobah-mosik ana ing bumi padha mati kabeh: bangsaning manuk, kewan ingon-ingon, buron alas, sarupane kewan rumangkang nlosor lan gumremet kang kumroyok ana ing bumi, dalah sakehe manungsa padha mati.
22 Sadhengah kang mawa ambekaning nyawa urip ing bolonganing irunge, sapira kang ana ing dharatan, iku pada mati kabeh.
23 Mangkono kadadeane sarupaning tumitah kang ana ing lumahing bumi, padha katumpes dening Gusti Allah, wiwit saka manungsa tekan kewan rumangkang nlosor lan gumremet sarta manuk ing awang-awang, padha tumpes sirna saka ing bumi, mung Rama Nuh piyambak kang isih sugeng lan kabeh kang katut ana ing prau.
24 Anadene banyune anggone tetep ngungkuli bumi lawase nganti satus seket dina.
Purwaning Dumadi 8 :
1-22:
Suruding banjir

1 Gusti Allah tumuli ngengeti marang Rama Nuh lan marang sarupane kewan alasan lan kewan ingon-ingon kang padha melu ana ing sajrone prau; 2 sarta Gusti Allah ndhatengake angin ana ing bumi, temah banyune wiwit surud.
3 Karodene umbuling samodra-raya lang cendhelaning langit padha ditutup, sarta udan deres saka ing langit banjur terang,
4 temahan banyune saka sathithik larud saka ing bumi, dadine saya angok sawuse antara satus seket dina mau.
5 Nalika sasi kapitu tanggal kaping pitulas, praune kandhas ana ing pagunungan Ararat.
6 Banyune tansah saya suda-suda nganti tekan sasi sapuluh. Bareng sasi sapuluh tanggal sapisan, pucake gunung-gunung wiwit padha katon.
7 Kacarita bareng wus kelakon patang puluh dina, Rama Nuh ngengakake cendhelaning prau yasane,
sarta nguculake manuk gagak, iku mabur bola-bali nganti tekan asate banyu saka ing bumi.
8 Sawuse mangkono banjur ngeculake manuk dara, karsane ngyektosi apa banyune wus surud saka ing lumahing bumi,
9 nanging sarehne dara mau ora oleh pencokan kanggo tlapakane sikile, mulane bali marang ing ngarsane Rama Nuh menyang ing prau maneh, marga salumahing bumi isih warata katutupan banyu. Rama Nuh banjur mulung astane, ngasta manuk dara mau dilebetake ing prau.
10 Nuli ngentosi pitung dina engkas, darane banjur dieculake maneh saka ing prau.
11 Barang wayah sore dara mau bali karo nggondhol godhong jaitun kang isih seger ana ing cucuke; dadine Rama Nuh mirsa yen banyune wis meh asat saka ing bumi.
12 Sawuse iku ngentosi maneh pitung dina, darane tumuli dieculake, nanging wus ora bali marang ing ngarsane Rama Nuh maneh.
13 Nalika yuswane Rama Nuh ganep nem atus siji taun, ing sasi kapisan tanggal sapisan, banyune wis larud saka ing bumi. Rama Nuh banjur mbikak payone prau, sarta mirsa yen lumahe bumi wus asat.
14 Lan nalika sasi kapindho tanggal pitulikur bumine wus gasik.
15 Gusti Allah tumuli ngandika marang Rama Nuh, dhawuhe:
16 “Sira metua saka ing prau, sira dalah somahira, anakira lan somahe anakira.
17 Mangkono uga sarupane sato-kewan kang melu sira, kabeh kang urip dadia bangsane manuk, bangsane kewan ingon-ingon, kewan kang rumangkang nlosor lan kang gumremet ana ing bumi, iku padha sira wetokna bebarengan karo sira; kareben padha ngambra-ambra ana ing bumi lan bebranahan, tangkar-tumangkar ana ing bumi.”
18 Rama Nuh banjur miyos dalah para putrane, garwane lan garwane para putrane,
19 apadene sarupane buron alas, kewan kang nlosor lan gumremet, sarta sakehing manuk, iya sakabehe kang mobah-mosik ana ing bumi mawa-mawa jinise, kabeh padha metu saka ing prau.
20 Rama Nuh tumuli yasa misbyah konjuk marang Sang Yehuwah, sarta mundhut panunggalane kewan ingon-ingon kang kalal lan bangsa manuk kang kalal disaosake dadi kurban obaran ana ing misbyah mau.
21 Bareng Sang Yehuwah mambet ganda arum, tumuli ngunandika mangkene: “Ing sabanjure Ingsun ora bakal nyupaosi bumi maneh jalaran saka manungsa, marga saobah-osiking atine manungsa iku dhasar ala wiwit nom mula; sarta ing sabanjure Ingsun numpes maneh marang sarupane kumelip, kaya kang wus Suntindakake.
22 Salawase bumi ana, mesthi bakal ora kendhat mangsane nyebar lan panen, mangsa atis lan panas, ketiga lan rendheng, rina lan wengi.”
Purwaning Dumadi 9 :
1-17:
Prajanjiane Gusti Allah kalawan Rama Nuh

1 Gusti Allah tumuli mberkahi marang Rama Nuh lan marang para putrane, sarta padha kapangandikanan mangkene: “Padha bebranahana lan tangkar-tumangkara sarta ngebakana bumi.
2 Sarupane sato-kewan ing bumi lan sarupane manuk ing awang-awang iku bakal padha wedi lan giris marang sira; iya sakabehe kang mobah-mosik ana ing bumi, dalah sarupane iwak ing sagara iku padha sira kuwasanana.
3 Sadhengah kang mobah-mosik kang urip iku dadia panganira. Iku kabeh wus Sunparingake marang sira; mangkono uga tetuwuhan kang ijo;
4 mung daging kang isih ana nyawane, iya iku getihe, iku aja sira pangan.
5 Nanging tumrap getihira dhewe, yaiku nyawanira iku mesthi Sunpundhut pulihe; tumrap sadhengaha kewan iya Sunpundhut pulihe, mangkono uga saka tangane manungsa, iya saka siji-sijining wong anggoningSun bakal mundhut pulihe nyawane manungsa.
6 Sapa kang ngwutahake getihing manungsa, iku mesthi diwutahake getihe dening manungsa, awitdene Gusti Allah anggone akarya manungsa iku kang tinulad pasemone pribadi.
7 Anadene sira iku padha bebranahana lan tangkar-tumangkara, ngambra-ambraa lan mundhak-mundhaka ana ing bumi.”
8 Sabanjure Gusti Allah ngandika marang Rama Nuh lan marang para putrane pisan, mangkene:
9 “Lah Ingsun damel prasetyaningSun karo sira lan karo turunira ing sapungkurira,
10 apadene karo sadhengah makhluk urip kang melu sira ana ing prau, iya bangsaning manuk, kewan ingon-ingon tuwin kabeh kewan alasan ing bumi kang melu sira, kang wus padha metu saka ing prau, iya sarupane sato-kewan ing bumi.
11 Ingsun nganakake prasetyaningSun karo sira, yen sabanjure bakal ora kelakon maneh makhluk kang urip katumpes dening banjir, lan bakal ora ana banjir gedhe maneh kang nyirnakake bumi.”
12 Gusti Allah banjur nyambeti pangandika: “Iki pratandhane prasetya kang Sundamel ing antaraningSun lan sira tuwin sadhengah makhluk kang urip kang melu sira, nganti turun-tumurun kanggo ing salawase.
13 KluwungingSun Sunpapanake ana ing mendhung, iku kang minangka tandhaning prasetyaningSun lan bumi.
14 Manawa ing tembe Ingsun ngumpulake mendhung ana ing sadhuwure bumi, lan kluwung mau banjur katon ana ing mendhung,
15 ing kono Ingsun mesthi bakal enget marang prasetyaningSun kang ana ing antarane Ingsun kalawan sira tuwin sadhengah makhluk kang urip kang kadunungan nyawa, temah banyu ora bakal dadi banjir gedhe maneh, kang nyirnakake kabeh kang urip.
16 Samangsa kluwung katon ana ing mendhung, iku bakal Sunpirsani satemah Ingsun banjur enget ing prasetyaningSun kang langgeng ing antaraning Allah lan kabeh makhluk kang urip, kabeh makhluk kang ana ing bumi.”
17 Tumuli Gusti Allah ngandika maneh marang Rama Nuh: “Yaiki pratandhaning prasetyan ing antrane Ingsun lan sarupane makhluk kang ana ing bumi.”
18-19:
Rama Nuh lan para putrane

18 Para putrane Rama Nuh kang padha metu saka prau, iya iku: Sem, Kham lan Yafet. Dene Kham iku bapakne Kanaan.
19 Telu iku mau padha putrane Rama Nuh, lan marga saka anane wong telu mau sajagad kabeh kaisenan ing wong.
20 Rama Nuh miwiti tetanen lan damel pakebonan anggur,
21 nanging bareng ngunjuk anggur, banjur wuru nganti kelukaran ana ing tarube.
22 Bareng Kham, bapakne Kanaan, weruh kang ramane lukar, banjur nyaritakake bab iku marang sadulure karo pisan ana ing jaba.
23 Nanging Sem lan Yafet tumuli njupuk jubah, banjur ditumpangake ing pundhake, sarta nutupi kalingsemane kang rama klawan lumaku mungkur, raine padha mengo, satemah ora nganti weruh kalingsemane kang ramane.
24 Bareng Rama Nuh wungu sarta wurune wus ilang, miyarsa bab tumindake putrane wuragil marang sarirane,
25 tumuli ngandika: “Kenaa ing ipat-ipat si Kanaan, dadia baturing para bature sadulure.”
26 Banjur ngandika maneh: “Pinujia Sang Yehuwah, Allahe Sem, lan Kanaan iku dadia bature.
27 Gusti Allah njembarna papan padunungane Yafet, lan manggona ing tarube Sem, tuwin Kanaan iku dadia bature.”
28 Sawuse banjir gedhe Rama Nuh isih kaparingan yuswa telung atus seket taun.
29 Dadi gunggunge yuswane Rama Nuh sangang atus seket taun, banjur seda.
Purwaning Dumadi 10 :
1-32:
Pretelan bab para turune Sem, Kham lan Yafet

1 Iki tedhak-turune para putrane Rama Nuh: Sem, Kham lan Yafet. Anggone padha kaparingan anak sawuse banjir gedhe.
2 Turune Yafet yaiku: Gomer, Magog, Madai, Yawan, Tubal, Mesekh lan Tiras.
3 Turune Gomer: Askenas, Rifat lan Togarmah.
4 Turune Yawan: Elisa, Tarsis, bangsa Kitim lan bangsa Dodanim.
5 Iku padha nurunake bangsa-bangsa kang pencar-pencar ngenggoni tanah pasisir wengkone para bangsa. Yaiku turune Yafet, mawa-mawa tanahe, basane, golongane lan bangsane.
6 Turune Kham yaiku: Kusy, Misraim, Put lan Kanaan.
7 Turune Kusy: Seba, Hawila, Sabta, Raema lan Sabtekha; lan turune Raema: Syeba lan Dedan.
8 Kusy anak-anak Nimrod; iku wong kang miwiti duwe pangwasa ana ing bumi;
9 dadi juru mbebedhag kang gagah prakosa ana ing ngarsane Sang Yehuwah, jalaran saka iku nganti ana pocapan: “Kaya Nimrod pambedhag kang gagah prakosa ana ing ngarsane Sang Yehuwah.”
10 Karajane kang wiwitan yaiku Babil, Erekh, Akad lan Kalne ing tanah Sinear.
11 Saka kono banjur menyang ing Asyur yasa kutha Ninewe, Rehobot-Ir lan Kalakh,
12 apadene Resen ana ing antarane Ninewe lan Kalakh, iku kutha kang gedhe.
13 Misraim nurunake bangsa Ludim, bangsa Anamim, bangsa Lehabim, bangsa Naftukhim,
14 bangsa Patrusim, bangsa Kaslukhim lan bangsa Kaftorim, yaiku kang nurunake bangsa Filisti.
15 Kanaan nurunake Sidon, iku anake pambarep lan Het,
16 apadene bangsa Yebusi, bangsa Amori, bangsa Girgasi,
17 bangsa Hewi, bangsa Arki lan bangsa Sini,
18 bangsa Arwadi, bangsa Semari lan bangsa Hamati. Ing tembe bangsa Kanaan iku banjur sumebar.
19 Wilayahe bangsa Kanaan iku, yaiku wiwit saka ing Sidon, ing urute Gerar tekan ing Gaza, ing penere Sodom, Gomora, Adma lan Zeboim tutug ing Lasa.
20 Iku mau turune Kham, pamanggone mawa-mawa golongane, basane, tanahe lan bangsane.
21 Sem, leluhure bani Eber, sadulure tuwa Yafet, iku iya duwe anak.
22 Tedhak-turune Sem yaiku: Elam, Asyur, Arpakhsad, Lud lan Aram.
23 Tedhake Aram: Us, Hul, Geter lan Mas.
24 Arpakhsad anak-anak: Selah lan Selah anak-anak: Eber;
25 Eber duwe anak lanang loro, kang siji jenenge Peleg, marga nalika samana bumi kabage, dene adhine jenenge Yoktan;
26 Yoktan nurunake Almodad, Selef, Hazar-Mawet, Yerakh,
27 Hadoram, Uzal, Dikla,
28 Obal, Abimael, Syeba,
29 Ofir, Hawila lan Yobab; iku mau kabeh padha turune Yoktan.
30 Wilayahe wiwit saka ing Mesa tutug ing Sefar ing pagunungan sisih wetan.
31 Iku mau padha turune Sem, miturut golongane, basane, tanahe lan bangsane.
32 Kabeh mau tedhak-turune Rama Nuh, miturut kang pada nurunake, miturut bangsa-bangsane. Iku padha nurunake bangsa-bangsa kang pating prenca pamanggone ana ing bumi sawuse banjir gedhe.
Purwaning Dumadi 11 :
1-9:
Menara Babil

1 Anadene wong sajagad iku padha tunggal basa lan tunggal tembung.
2 Kacarita bareng padha lumaku mangetan, banjur weruh ara-ara jembar ing tanah Sinear, tumuli padha manggon ana ing kono.
3 Banjur padha rasanan: “Payo padha nyithak bata lan diobong kang mateng.” Batane kanggo watu pasangan, lan kang digawe lepane aspal.
4 Pangucape maneh: “Payo padha yasa kutha, nganggo menara kang pucake sundhul langit, supaya jeneng kita dadi misuwur lan kita aja nganti pating slebar ana ing salumahe bumi.”
5 Sang Yehuwah tumuli tumedhak karsa mirsani kutha lan menara kang lagi dibangun dening para anaking manungsa mau;
6 sarta pangandikane Sang Yehuwah: “Lah wong-wong iku padha tunggal bangsa lan tunggal basa; iki lagi wiwitaning kekarepane, mengko rak bakal wus ora kena diendhakake apa kang dadi sedyane.
7 Payo, Kita padha tumedhak lan ngisruhake basane, supaya siji lan sijine aja nganti ngreti basane.”
8 Mangkono dadine Sang Yehuwah mbubarake wong-wong mau saka ing kono menyang ing salumahing bumi, temahan padha kandheg anggone padha yasa kutha.
9 Mulane tilase mau diarani: Babil, marga ana ing kono Sang Yehuwah anggone ngisruhake basane wong-wong ing salumahing bumi, lan saka ing kono Sang Yehuwah anggone mbuyarake wong-wong mau menyang ing salumahing bumi.
10-26:
Para turune Sem

10 Iki tedhak-turune Sem. Sem nalika umur satus taun, anak-anak Arpakhsad, antara rong taun sawuse banjir gedhe.
11 Sawuse anak-anak Arpakhsad, isih diganjar umur maneh limang atus taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.
12 Arpakhsad nalika umur telung puluh lima taun, duwe anak Selah.
13 Sawuse anak-anak Selah, Arpakhsad mau isih diganjar umur maneh patang atus telu taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.
14 Selah nalika umur telung puluh taun, duwe anak Eber.
15 Sawuse anak-anak Eber, Selah isih diganjar umur maneh patang atus telu taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.
16 Eber nalika umur telung puluh papat taun, duwe anak Peleg.
17 Sawuse anak-anak Peleg, Eber mau diganjar umur maneh patang atus telung puluh taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.
18 Peleg nalika umur telung puluh taun, duwe anak Rehu.
19 Sawuse anak-anak Rehu, Peleg isih diganjar umur maneh rong atus sanga taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.
20 Rehu nalika umur telung puluh loro taun, duwe anak Serug.
21 Sawuse anak-anak Serug, Rehu mau isih diganjar umur maneh rong atus pitu taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.
22 Serug nalika umur telung puluh taun, duwe anak Nahor.
23 Sawuse anak-anak Nahor, Serug mau isih diganjar umur maneh rong atus taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.
24 Nahor nalika umur sanga likur taun, duwe anak Terah.
25 Sawuse anak-anak Terah, Nahor mau isih diganjar umur maneh satus sangalas taun, sarta duwe anak lanang lan wadon.
26 Terah nalika umur pitung puluh taun, duwe anak Abram, Nahor lan Haran.
27-32:
Pratelan turune Terah

27 Iki tedhak-turune Terah. Terah anak-anak Abram, Nahor lan Haran, sarta Haran anak-anak Lut.
28 Haran ngajal ndhisiki Terah bapakne, ana ing tanah kalairane, yaiku ing tanah Ur-Kasdim.
29 Abram lan Nahor padha omah-omah, somahe Abram jenenge Sarai lan somahe Nahor jenenge Milka, anake Haran, bapakne Milka lan Yiska.
30 Anadene Sarai mau gabug ora duwe anak.
31 Terah nuli ngajak Abram lan Lut putune, anake Haran, apadene Sarai somahe Abram, budhal saka ing tanah Ur-Kasdim sedyane menyang tanah Kanaan; bareng lakune tutug ing tanah Haran, tumuli padha manggon ing kono.
32 Umure Terah iku rong atus lima taun, banjur ngajal ana ing Haran kono.

No comments: